Pengertian Sesorah Bahasa Jawa Dan Teknik Cara Membacanya | BAHASA JAWA

Apa sih pengertian SESORAH utawa Pidhato?


  SESORAH yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir, lan sapanunggalane. Tujuan utama medhar pangandikan yaiku kanggo ngaturake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar pangandikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangerteni sing diedharake.
 Peprincening medhar pangandikan iku kaperang dadi pirang-pirang perangan.

  • Hamedhar pangandikan kang asipat mratelakaken informasi.
  • Hamedhar pangandikan kang asipat hiburan.
  • Hamedhar pangandikan ingkang asipat hamemilut marang para pamyarsa.
SESORAH iku nduweni beberapa bagian utawa perangan. Perangan Sesorah/ Pidhato iku ana 3, yaiku:
  1. Pambuka. (Surasane ngandharake salam, mbagekake kang pada rawuh ana ing tempat iku, lan ngucapke raos syukur dhumateng Gusti)
  2. Surasa utawa Isi.  (Perangan iki ngemot andharan wigatining sesorah)
  3. Wasana utawa Panutup. (Ing babagan iki diandharake wos wigatining sesorah lan dudutane (kesimpulan). Sabanjure ngaturaken pangajak marang kabecikan, banjur dngaturaken kaluputan anggone ngandharaken lan di pungkasani kanthi salam panutup)
Sesorah uga nduweni unsur-umsur kang kudu ana. Unsur kang kudu ana yaiku 5W + 1H
  • What (Apa= apa kang diandarake ing seorah iku)
  • Where (Ana Ngendi= ana ngendi sesorah iku dumadi)
  • Who (Sapa= sapa kang nglakoni sesorah)
  • Why (Kenangapa)
  • When (Kapan= kapan sesorah iku dumadi)
  • How (Kepriwe= kepriwe sesorah iku)
Nalika kowe maca sesorah uga ana teknike ora sakarepe dhewe, supaya pamirenge uga kapenak anggone nangkep apa kang diandharake. Ing ngisor iki 8 Teknik Maca Sesorah

Teknik Maca Sesorah
  Nalika nindakake sesorah saliyane perangane kudu genep, uga kudu nggatekake:
  1. Sikep nalika sesorah. Yen nalika sesorah kudu ngadeg jejeg, ora mingsat-mingset lan anteng. Dene sesorah kanthi lungguh kudu dhag dhadane dijokake, aja mbungkuk utawa miring. Ing pahargyan adat jawa nalika ngadeg luwih becik ngapurancang.
  2. Basa kang digunakake gampang dingerteni, tembunge saiki komunitatif.
  3. Swara kudu ngarah-arah. Upama ana ing njero klas aja seru-seru, watone ngarep ora kebrebegen sing ana mburi krungu. Beda maneh nalika ana ing lapangan utawa papan kang amba lan rame, kudunyuwara kang seru.
  4. Nggatekake Tema kang jumbuh karo swasana. Tema iku baku banget dingreteni, amarga anggone mengaruhi swara, nada, lan ekspresi. Upamane sesorah temane kamardikan beda karo tema bela sungkawa.

Belum ada Komentar untuk "Pengertian Sesorah Bahasa Jawa Dan Teknik Cara Membacanya | BAHASA JAWA"

Posting Komentar

Telusuri Disini

Sponsor

Ads

Iklan Bawah Artikel