PENGERTIAN, PATHOKAN, WATAK LAN WOS KANG KAMOT ING TEMBANG POCUNG

Tembang Macapat:

  1. Mijil
  2. Sinom
  3. Dhandang Gula
  4. Asmarandana
  5. Megatruh
  6. Kinanthi
  7. Pangkur
  8. Maskumambang
  9. Durma
  10. Gambuh
  11. Pocung
Pathokan Tembang Macapat:
☆Guru Wilangan
      ~Cacahing wandha saben sagatra
☆Guru Lagu
      ~Tibaning swara ing pungkasaning gatra
☆Guru Gatra
      ~Cacahing larik/baris saben sapadha.

TEMBANG POCUNG
1. Pangertene lan Maknane Tembang Pocung
     ~Miturut maknane , tembang pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong utawa mati. Watake sembrana lan sakepenake dewe.
2. Pathokan Tembang Pocung
   Guru Wilangan : 12, 6, 8, 12
   Guru Lagu          : u, a, i, a
   Guru Gatra         : 4
3. Watak Tembang Pocung
    ~Watak tembang pocung yaiku, sakepenak dewe / luwes, lucu, lan gawe seneng. Mula biyasane kanggo ngandarake bab-bab kang ora serius lan bisa gawe gegojekan. Surasane kala mangsane ngemot cangkriman.
4. Wos Kang Kamot (Wedhatama)
  ☆Ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendaleni angkara murka, amarga yen sikep kang kaya mengkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake prakara.
  ☆Serat wedhatam uga mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur. Diandhatake lamun wong kang kepengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanti tenan. Mula iku kang kanggo garan para satriya luhur biyen, iku ana telung prakara, yaiku ikhlas, sabar, lan nrima mring Gusti.

TEMBANG POCUNG LAN TEGESE

    Tembang pocung:
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Angkara gung neng angga anggung gumulung
Gegolongnira
Triloka lekeri kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda

Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martatama

Taman limut durgameng tyas kang weh limput
Karem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngreba saardi pengira

Yeku patut tinulat tulat tinutur
Sapituduhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mudhi diri rapal makna

    Tegese:
Ngelmu iku bisa kagayuh yen dilakoni.
Kawiwitan kanthi niat.
Bisa gawe sentosaning diri pribadhi.
Bisa ngasorake tindak angkara.

Nepsu angkara kang gedhe.
Jroning dhiri pribadhi bakal saya ndadi lan -ngrembaka.
Olong golong anut jenise.
Ngrembaka saindheng ing jagad.
Yen diumbarake bakal dadi memala.

Beda kalawan kang wus ngerti marang dhiri pribadhi.
Sugih ing pangapura.
Marang pepadha kang luput.
Supaya sabar lan berbudi ing saben wayah.

Dhiri pribadhi kang waspada tumindak ala.
Kang agawe lali ora gelem gawe rubeda.
Amarga tan pinaring rahmat.
Lan anugrah Gusti Allah.

Yaiku kang patut dicontoh.
Kaya kabeh pituduhku.
Aja kaya jaman mengko.
Akeh bocah nom kang kumalungkung amarga apalan ayat.


   TULADHA(CONTOH) TEMBANG POCUNG
Temenana anggonmu anggolek ngelmu
Kanthi ati niat
Amarga dhawuhe Gusti
Golek ngelmu nganti satekaning seda

Ngilmu becik kanggo tuntunan uripmu
Supaya ra salah
Mlaku ing jaman saiki
Lan bisa anggawemu mlebu suarga

Belum ada Komentar untuk "PENGERTIAN, PATHOKAN, WATAK LAN WOS KANG KAMOT ING TEMBANG POCUNG"

Posting Komentar

Telusuri Disini

Sponsor

Ads

Iklan Bawah Artikel