TEKNIK ANGGONE MACA SESORAH ANA 8 YAIKU... | BAHASA JAWA

Lanjutane saking materi SESORAH
Yaiku Teknik Maca Sesorah




Teknik Maca Sesorah

5. Swasana utawa kahanan. Ing babagan iki sesorah kudu nulet wektu kahanan kang ana lan kang dibutuhake. Yen wektu kang disediyakake ora suwe anggone sesorah, kudu cekak aos. Yen sesorah nalika usum udan ing papan kang tanpa payon kudu anut kahanane.

6. Wayah. Wayah iki uga kudu digatekake, sesorah ing wayah awan kudu beda karo ing wayah bengi. Senajan kanthi tema kang pada, upamane sesorah pengeten dina kamardikan wayah awan lan bengi dobedakake. Anggone nyuwara anuy wayah, yen bengi aja seru-seru.

7. Papan. Sesorah ing njero klas mesrti beda nalika ana ing papan ngibadah. Slaga lan tata carane kudu njumbuhake papane. Yen ing njero klas iku papan pendhidikan dadi nalika sesorah ngarah-arah babagan pendhidikan. Beda nalika sesorah ing papan ngibadah, kang diandharake mestinbabagan kapitayan lan ibadah.

8. Audience utawa pamireng. Nalika sesorah, pamicara uga kudu nggatekake sapa kang mirengake. Babagan iki gegayutan karo basa lan sastrane sesorah. Yen ing sangarepe warga masyarakat iku bisa nggunakake basa kang gampang ditampa, tembunge liya komunikatif kang nganggo waton. Beda maneh nalika sesorah ing madyaning pawiyatan inggil, upamane ing lingkungan kampus prayogane nggunakake basa kang baku lan ilmiah.

Yo iku sakedik penjelasan SESORAH MATERI BAHASA JAWA

Belum ada Komentar untuk "TEKNIK ANGGONE MACA SESORAH ANA 8 YAIKU... | BAHASA JAWA"

Posting Komentar

Telusuri Disini

Sponsor

Ads

Iklan Bawah Artikel